Pages

Labels

Followers

Tag Cloud

Minggu, 20 November 2011

Pidato Bahasa Jawa

السلا م عليكم ورحمة الله وبر كا ته
Poro Bapak, Poro Ibu sederek-sederek, sebangsa lan setanah air, ingkang kulo hormati !
Langkung rumien monggo kulo lan panjenengan sedoyo samiho nglahiraken raos puji syukur dateng ngarsanipun Alloh SWT, ingkang sampun paring Rohmat, Taufik soho Hidayah dateng kulo lan panjenengan sedoyo, sehinggo wonten ing majelis puniko, dalam rangka memeriahkan Peringatan dinten ulang tahun Proklamasi Kemerdekaan Republik Indonesia ingkang kaping 66 mugi-mugi kerawuhan kulo lan panjenengan menika dipun catet dening Alloh SWT minongko dados amal soleh. Amin.
Kaping kalih Rahmat lan salam bahagia Alloh tetep dipun limpahaken dateng junjungan kito Nabi Besar Muhammad SAW, soho poro ahli keluarga lan sahabatipun.
Kaping tiganipun kulo matur nuwun dateng sederek pembagi acara ingkang sampun paring wekdal dateng kula kangge mengisi wontenipun acara menika.
Poro rawuh ingkang kulo hormati !
Alloh SWT sampun paring nikmat dateng poro kawulonipun meniko sampun katah sanget, sehinggo ngantos mboten saget kito itung. Dawuhipun Alloh wonten Al-Qur’an ingkang artosipun : “Lan lamun siro ngitung marang nikmate Alloh, mongko siro ora biso ngitung
Poro Rawuh ! Dene termasuk salah setunggalipun nikmatipun Alloh ingkang ageng dipun parengaken kita bangsa Indonesia, Inggih menika nikmat kemerdekaan ingkang dipun proklamiraken tanggal 17 Agustus 1945, ngantos dinten menika kita peringati.
Menawi kita renungaken sejarah Bangsa Indonesia sakderengipun merdeka, meniko pinten-pinten tahun dipun jajah bangsa Asing. Inggih meniko dipun jajah dening Belanda lan Jepang ngantos pinten-pinten tahun Rakyat Indonesia urip sajroning jajahan. Rakyat Indonesia mboten nggadah kebebasan, di tindas lan dipun aniayaya dening bangsa asing. Sehinggo berkat sifat Rohman Rohim Alloh SWT, lan ugi kanti semangat perjuanganipun Para Pahlawan lan para Pejuang Bangsa Indonesia ingkang giat lan gigih, wani , pantang mundur, para Pejuang kito saget ngalahaken para kaum penjajah sehinggo tepat tanggal 17 Agustus 1945, Bangsa Indonesia memproklamasikan dinten Kemerdekaan Republik Indonesia.
Poro Rawuh Ingkang kulo hormati !
Pramilo kito kedah bersyukur dateng Alloh SWT ingkang sampun pareng nikmat Rupi kemerdekaan. Supados Negri kito tansah dipun paringi berkah dening Alloh. Lan kita ugi kedah matur nuwun dating para pahlawan lan para pejuang ingkang sampun jerih payah, rela ngorbanaken jiwa raga dunya brono kangge ngerebut kemerdekaan menika
Poro rawuh ingkang kulo hormati !
Saka peristiwa menika, monggo kita sebagai penerus bangsa kudu njaga negara kita.
Sakmenika ngkang saget kula sampeaken. Mugi-mugi saget migunani. Kurang lan lampahipun kula nyuwun pangapura.

والسلا م عليكم ورحمة الله وبر كا ته

0 komentar:

Posting Komentar